Welcome

Selamat Membaca, semoga berguna dan salam kenal,...

Sabtu, 17 November 2012

contoh cerpen dalam bahasa jawa (cerkak)


KERUKUNANE TELETUBIS
Saben bali sekolah Via,Ria, Deffa, lan Meli mesti janjian dolan sawuse nonton film senengane bocah-bocah kui, yaiku teletubis. Yen wus nonton ana ngarep tv, bocah papat kuwi mau ora kelingan ganti klambi utawa maem dhisik.
Vi, ayo maem dhisik, nonton tvne mengko meneh!  ibue Via nimbali.
Emoh bu, mengkeh mawon tv ne ben bubar riyen. Niki lagi asik kok ampun diganggu. jawabe Via.
“Lho kok ngono ta, bubar bali sekolah kuwi ya ganti klambi dhisik ta nduk. Ra pareng ngono kuwi.”
“Mangkeh nggih buk, pliiis?”
Ibue Via gur bisa geleng-geleng ngerti sikape anak tunggale kuwi. Ora beda nang omahe Ria, dheweke yo ora gelem ganti klambi sik. Bubar ibue mantuk saka kantor, lagi cepet-cepet mlebu kamar jupuk klambi kanggo salin. Ibue Ria memang galak banget yen disawang, nanging yen Ria njaluk apa wae mesti dituruti. Ana Defa barang, bocah sing siji iki malah luwih seneng maem ana ngarep tv disambi nonton teletubis, dasare awit cilik seneng mangan lan ngemil. Apa-apa sing ana ning meja mesti entek, ora salah yen dheweke gawene diceluk “ndut” karo kanca-kancane.
   Beda karo kanca-kancane mau, Meli luwih seneng ganti klambi dhisik lagi nonton tv. Nanging dheweke yo ora gelem ketinggalan nonton teletubis, akale pinter yaiku salin ana ngarep tv lan nirukke gayane Po, salah sijine personil teletubis.
                “Nduk, ganti klambine sing bener ta ya?” ngendikane mase Meli
                “Hehehehe.” Meli mringis tok.
   Saben dina bocah-bocah kuwi memang kebiasaan nonton teletubis, film kesenengane, dheweke memang tangga cedhak ing desa Sukowati. Mangkat lan mulih sekolah mesti bareng, nanging pas ana sekolahe malah koyo ora tau akur. Siji lan sijine golek kanca anyar ning TK Malioboro, sekolahe, amarga bocah-bocah kuwi gampang interaksi karo kanca liyane. Nanging beda karo Meli, dheweke rada isinan lan ora PD dadine dheweke ndempel terus karo Via. Maklum, Meli lagi anyaran amarga pindah saka kutha Sala lan ora duwe kanca nang kene.
                “Via, aku ameh ditumbaske teletubis Po lee karo masku.” Ujare Meli
“Ih opo iyoo, meh tumbas neng ngendi Mel? Aku suk ya meh ditumbaske og.” Sahute Via
“Alah opo iyo rek? Aku meh ditumbaske teletubis Po sing wernane ijo og. Larang lih, piye jal.”
“Ya nek aku wes duwe duwit akeh aku meh tumbas dewe. Teletubis Po ki abang Mel, ijo ki Dipsy.”
                “Eh opo iyo ta? Lha masku wingi kandane Po sing ijo kiii..”
                “Wah, berarti koe gur diapusi Mel. Ora sida tuku no nek ngono?”
Pas bali, bocah papat kuwi crita wae tentang teletubis.
                “Eh, aku meh tumbas teletubis Lala lho.” Kandhane Deffa.
                “Aku iyo meh tumbas sing Dipsy. Barengan yaa karo Deffa,” Ria nambahi
                “Ayoo aku meluu ameh tumbas neng endi?” ujare Via
                “Aku meh tumbas ning Jakarta, Meli melu gak?” sahute Ria
                “Lha aku meh ditumbaske masku wii.” Jawabe Meli
Bubar adu crewet ana dalan, ora krasa wus ana ing omahe dhewe-dhewe. Kebiasaan sing durung bisa dirubah metu maneh, mbandel. Bubar nonton teletubis, bocah papat kuwi menyang omahe Defa kanggo dolanan kemah-kemahan. Kabeh wong gawa payung lan slendang siji-siji, payung kuwi mengko dimegarke lan dirangkep dadi siji ben bisa mbunder. Banjur wis ketok mbunder, lagi dipasangi slendang-slendang sing digawa mau nganti ana njero payung kuwi peteng. Nanging isih ana celah kanggo dalan mlebu kemah kuwi. Ana njero crewete tentang teletubis metu meneh, mesti ana wae sing ameh dicritaake. Tapi pas iku, si Meli wus ditukokke boneka teletubis sing dikarepake ket mbiyen. Kancane kabeh meri lan kepingin tuku boneka teletubis.
“Eh ngene wae, kan Meli wis tumbas sing Po to? Mengko ben rak kembar, bedo-bedo yoo?” kandhane Deffa.
                “Iyo yoo, jane aku ya kepingin sing Po wi too?” jawabe Via.
“Koe aja sing Po Vi, kan koe dhuwur ta dadine Tinkywinky wae ya Def ya?” kandhane Ria
                “Ho.o” Defa nyauri
“Lha trus koe sing opo, yen ak tumbas tinkywinky?” takone via marang Deffa lan Ria
“Ak meh tumbas sing lala wae, kan aku podo lala. Kowe tumbas sing dipsi wae ya Ria!” jawabe Deffa.
“ya, ak setuju kui!” saute Ria
Bocah papat iku wis setuju karo boneka opo sing arep di tumbas. Beda dina, bocah papat iku wis duwe boneka sing dikarepake dewe-dewe. Bocah-bocah iku dolanan bareng-bareng saben dina, nanging Ria, Meli, lan Via anyel karo Deffa amarga saben dolanan teletubis mesti Deffa ngatur lan nyilih boneka teletubise kanca-kancane nganti apa sing dikarepake Deffa isoh kelakon. Akhire ning sekolah Deffa dianyeli karo bocah-bocah iku. Deffa ora diejak dolanan lan maem bareng koyo biasane.
“huhuhuhu huhu, ibu Deffa mboten gadah kanca wonten sekolah, deffa mboten diejak maem bareng kaleh kanca-kanca. Hu huhuhuhu hu” lapore Deffa merang ibue karo nangis ngglolo.
“Aduh, anake ibu sing paling cantik, paling manis, paling ndut sendiri, ampun nangis sayang, mengkih ibu nderek nangis lo, empun-empun. Mesti sesok anake ibu kancane pun kathah melih, pun ya sayang, ampun nangis melih, mengkih ndak di dukani Allah lo!” ujare ibue Deffa.
Deffa dolan menyang plataran omahe Ria sing biasa di enggo dolanan bareng-bareng. Nanging sak tekane ning kono Deffa ora di gagas kancane meneh. Ning kono bocah-bocah pada kerah nganti teko bude Fatimah sing nduwe warung ning cedhak kono lan ngandani bocah-bocah iku.
“Anak-anak di critani bude purun mboten?” pitakone bude Fatimah
“Nggih bude,”  jawabe anak-anak
“ngene critane, teletubis iku kan acara kartun sing pada tok senengi iku to, la teletubis iku ora tau nesu karo kanca-kancane, deweke mesti rukun lan bisa mudeng karepe kancane liya lan bisa ngerteni sikap utawa watake kancane. Teletubis ya pada tetulungan yen ana sing lara utawa butuh pertolongan.” panjelase bude Fatimah
“contone niku pripun bude?” pitakone Via
“ngene ya nduk, pernah to lala kelangan bal, lha pas iku tinkywinky, dipsi, la po pada nulungi lala. Trus pas dipsi lali ndeleh topi, tinkywinky lali sing ndeleh tas lan po sing skutere mlaku dewe nganti adoh. Pas salah sijine kelangan utawa ana kesusahan mesti kanca liyane nulungi lan nggawe seneng apa meneh pas dipsi nesu karo kanca-kancane. Anak-anak pada kelingan ta karo kejadian iku?” ujare bude Fatimah
“nggih bude, pas niku dipsi nesu kale kanca-kancane amarga nelasake roti lan nggawe topine dipsi reget.” Jawabe Meli
“nggih bener bude, pas niku kanca-kancane dipsi nyuwun ngapura kaleh dipsi lan nggaweake dipsi roti. Tapi bude, pas niku dipsi salah amarga keasikan dolana lan mboten nderek damel roti bareng-bareng!”sauté ria
“trus walaupun ngono piye sikape kancane?”
“nggih maklum ta bude,namine lagi dolanan, saben tiyang kan saget salah”
“la yo pada ngerti ta, trus saiki piye sikape?”
Krungu panjelase bude Fatimah anak-anak pada bali rukun maneh amarga ngrasa isin, mosok teletubis wae bisa rukun nanging bocah-bocah ora isoh rukun. Saka kedadean kuwi anak-anak sinau yen kabeh wong isoh salah lan kudu maafke yen ana sing salah. Anak-anak iyo sinau yen meksaake kehendak iku ora apik lan nggawe anyel wong sing ana ing sekitare kono.

1 komentar: